BASA JAWA KELAS
VI KACA 35 – 40
1. WANGSULAN PITAKON
MANUT ISINE PACELATHON “CARANE NYANGKOK
WIT SALAK” (KACA 34)
b. Bocah lanang kelas VI nindakake kegiyatan praktek
nyangkok wit salak
c. Guru kang mimpin bocah lanang asmane Pak Wasis
d. Bocah wadon duwe kagiyatan sinau carane gawe kripik
salak
e. Anakan salak kang arep dicangkok kudu diresiki luwih
dhisik supaya gampang yen dipasangi bumbung.
f. Lemah kang kanggo nyangkok dicampuri rabok kandhang
kanthi kanthi bandingan 1:1
g. Lemah dicampuri NPK supaya cepet ngoyot
h. Supaya temempeling anakan salak bisa bakoh bumbung
pring utawa plastic tilas banyu mineral kang kanggo wadah dikrowek sesisih, lan
supayo bakoh meneh ditaleni kawat.
i. Cangkokan dicori banyu saben rong dina utawa telung
dina sepisan
j. Umure cangkokan salak kuwi udakara telu – patang
sasi.
2. Tembung kosok balen
a. mburi ><
ngarep
f. kenceng >< kendho
b. cetha ><
blawur
g. ditetesi >< disirami
c. teles >< garing
h. cengkar >< subur
d. cepet >< rindik
i. sregep >< kesed
e. ringkih ><
roso
j. anjlok >< mundak
3. Arane Kembang
a. Kembang blimbing jenenge maya
f.
Kembang jambu jenenge karuk
b. Kembang tebu jenenge gleges
g.
Kembang salak jenenge ketheker
c. Kembang kacang jenenge besengut
h. Kembang mlinjo
jenenge kroto
d. Kembang lombok jenenge menik
i. Kembang krambil jenenge manggar
e. Kembang gedhang jenenge ontong/tuntut j.
Kembang kopi jenenge blanggreng
4. Tembang MIJIL
a. Tembung mijil iku kalebu tembang macopat
b. Mijil tegese lahir
c. Cacahe gatra tembang mijil ono 6 gatra
d. Watake tembang micil kui gambarake nasehat
e. Dong-dhinge tembang mijil yoiku 10i – 6o – 10e – 10i –
6i – 6o
f. Guru wilangan sing paling dawa yaiku 10
g. Guru wilangan sing paling cendak yaiku 6
h. Bayu tegese angin
5. TEMBANG MIJIL
a. Wiwit cilik kudu sinau BUDI PEKERTI
b. Watak becik kuwi lair lan BATOS padha
c. Trapsila lan wicara kudu BECIK
d. Tumindake metu saka jroning KALBU
e. Menawa budi pakertine becik bakal adoh saka KALA BENDU
6. WANGSULAN WACAN “NANDUR SEMANGKA”
a. Jembare sawahe Pak Budiman ana rong hektar
b. Semangka kuwi klebu tanduran pala kesimpar
c. Lemah kanga rep ditanduri semangka luwih disik diluku,
digaru, disisir kanti lembut banjur dipunthuk-punthuk digawe bedengan.
d. Jembare bedengan udakara 5-6 meter
e. Bedhengan dipalir lan diwenehi gamping tetanen jenis
kalsit , dolamit, utawa zeagro.
f. Bedhengan ditutup nganggo mulsa plastik supaya
semangkane bisa gedhe-gedhe
g. Gunane mulsa plastik ana papat sepisan supaya gulma
utawa suket-suket ora thukul, 2) kanggo mantulake energi srengenge, 3) kanggo
nyegah erosi, lan 4) njaga lemah supaya tetep gembur.
h. Bedhengan dileremake watara 15 dina
i. Semprot kang dibutuhake yaiku pestisida, rabuk godhong,
lan jamur.
j. Saben uwit cukup diingu 2 semongka yen gedhe-gedhe, yen
cilik-cilik cukup diingu 3 nganti 4 woh.
7. JENENGE TANDURAN
a. Pala kependhem yaiku tanduran ingkang bangsane
umbi-bumbian
contone kenthanh, telo pendhem, uwi, tela kasepo lan sapanunggalane
b. Pala gumantung yaiku tanduran kang uwahe
gumandhul ning uwit
Contone kates, pelem, alpokat lan sapanunggalane
c. Palawija yaiku tanduran kang ditandur sak
liyani pari ing tegal utawa sawah
Tuladhane kacang, jagung, kedhele, wijen lan sapanunggalane
d. Karang kitri yaiku tanduran ingkang dipuntanen
wonten ing pekarangan
Tuladha wit klapa, wit sukun, wit mlinjo, wit pelem lan
sapanunggalane
e. Pala kirna yaiku tanduran kang ditandur ono
ing pekarangan kang umure dowo
Tuladhane rambutan, klapo, duren lan sapanunggalane.
8. Tembung-Tembung Ing Tetanduran
a. mangsa ketiga = mangsa sak wise udan
b. gulma = suket sing ganggu tanduran
c. Ngarit = babati suket
d. ndhaut = mbedholi winih soko papan pawinihan
e. matun = mbubuti suket ing tegal utawa sawah
f. disemprot = dirabok nganggo cairan kanti coro
disemprotake
g. derep = panen pari
h. kompos = rabok kang asale soko kewan utawa
tanduran kang diarani rabok organik
i. gabuk = ora ono isine
j. digadhu = disewak ake utawa digarap ake marang
won liyo banjur hasile dibagi loro